Wednesday, April 11, 2018

Sawang Sinawang



*Wong Ndeso :*
```Enak dadi wong kota.....
opo² ono, mall cedak, dalane alus.```

*Wong Kota :*
```Jek enak dadi wong ndeso. 
Neng kutho opo² tuku. 
Neng deso pangan gak usah tuku, kari apek dewe neng kebon, sing penak yo sing dagang...```

*Pedagang :*
```Enak apane, barang sewarung barange utangan kabeh, 
nek ono suloyone kedunan rego yo bangkrut, 
enak yo nek dadi pegawai,  
kabeh² ngajeni...  
ketemu tonggone  monggo Pak... monggo Bu... 
tanggal nom mesti gajian.```

*Pegawai :*
```Enak apane? 
Iyo tanggal nom gajian tanggal tuwek totalan....
Gajine "jerman"di jejer wis ora uman. 
Enak kuwi yo dadi Pak Lurah.. 
neng ngendi ketemu rakyate...  
monggo pak lurah !!...
yen jagong manggone ngarep dewe.  
Sabendino entuk punjungan.```

*LURAH :*
```Enak apane, gak cucuk karo modale.... 
sawah kadol, mobil kadol nggo nyalon...
Gajine gak nutup, sabendino jagongan. Sing enak yo dadi DPR.```

*DPR :*
```Enak apane dadi DPR.. 
ora cucuk karo modale duwit entek nggo kampanye... 
bareng dadi gak iso obah blas... 
proyek sithik wae di penthelengi KPK... 
Luwih enak yo dadi tukang cukur, iso ngongkeki sirahe wong akeh, sirahe pak camat,bupati...presiden diongkak-ongkek yo podo meneng wae.```

*Tukang Cukur :*
```Enak apane... 
nek salah kesilet sirahe gojer sing cukur muring² sebulan gak meneng.

😀😀😀😀😀


Tibake kabeh gak ono sing penak. 
Anggere jek urip yo isih MUMET, PUSING, NGELU, BINGUNG... 
mergo kabeh mau gathuke wong urip...

TRUS KON KUDU PIYE...???

Monggo dulur² menikmati peran kita masing². 
Apapun pekerjaan kita... NIKMATILAH dan SELALU BERSYUKUR, 
BERSYUKUR dan 
BERSYUKUR...
dan ayo belajar Mensyukuri nikmat yg ada.......`


Dikutip dari Group WA Gonilan Asri

-----------


No comments:

Post a Comment

Pertemuan Remaja masjid dan Pembentukan Pengurus Baru.

Pertemuan Remaja Masjid Muhajirin. Alhamdulillah dari pertemuan tersebut telah terbentuk pengurus remaja masjid sebagai berikut : Alhamdu...